MAKALAH BAHASA
JAWA
‘Tentang Bahasa
Jawa’
Daning :
Aisah Munawaroh
Ana Amalia
Iana Zahwa
Muhibatul Khusna
Wirda Amalia
MAN BABAKAN
LEBAKSIU TEGAL
TAHUN AJARAN 2012/
2013
BAB
I
PAMBUKA
Sakmenika basa Jawi
kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge dening warga ndonya. Miturut
petunganipun, basa Jawi ngenggeni urutan 20. Kawontenan menika kedah dipunjagi
lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh menika dipunjunjung
langkung inggil malih.
Kathahing panganggep
bilih para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco, ngawur lan
kathah sebutan sanesipun.Kangge nanggulangi bab menika, para guru perlu
ningkataken wawasan lan kaprigelanipun lan pamarintah - Depdiknas - perlu
nggatosaken bab menika kanthi ngawasi lan tansah mbimbing para guru basa Jawi,
murih lestari lan ngrembakaing basa lan budaya Jawi.
Pindhanipun satunggaling
wewangunan, saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung rumiyin. Menawi
pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya wewangunan wau saget
ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap ngrembaka lan lesatrining Basa
Jawi inggih menika Pamulangan Basa Jawi ingkang leres.
Geneya pamulangan Basa
Jawi madeg minangka pondhasi ngrembaka lan leatsraining Basa Jawi?
Wangsulanipun wonten werni kalih. “Inggih” lan “boten”. “Inggih”, menawi
pamulangan Basa Jawi katindakaken kanthi leres lan sae. “Boten”, menawi
pamulangan Basa Jawi katindakaken sembarangan lan ngawur.
Basa Jawi menika kedah
dipun langgengaken. Menawi saget, malah dipuninggilaken. Boten wonten ingkang
langkung rumaos remen teng penggalih kejawi tiang Jawi minangka warga tlatah
asal mulanipun basa kasebat mbok menawi teng satunggaling mangsa mangke basa Jawi
saget jaya teng jagad raya.
Perkawis sinten mawon
ingkang kedah ngrembokoaken basa Jawi temtu kemawon sedaya tiang ingkang rumaos
ndherek andarbeni lan angrungkebi tumrapipun basa Jawi, khususipun tiang Jawi
ingkang mapan teng tlatah Jawi. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih
amargi perkawis basa menika perkawis pilihan lan saingan. Tiang sakpurunipun
milih pundi rupi (upaminipun basa, dialek, lan logat) ingkang langkung
dipunremeni. Mugi-mugi kemawon kanthi upaya-upaya sae kados adicara ageng ingkang
saweg dipunwontenaken menika basa Jawi mboten badhe kalebet ingkang ngalami
nasib kasebat wau.
Lumantar makalah menika,
badhe dipunaturaken kados basa Jawi menika saget langkung ngremboko lan kondang
kawentar teng jagad raya. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih
khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon
ingkang hanggadhahi raos handarbeni dhumateng basa Jawi, supados kawontenan
tiang Jawi lan ugi kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga
ndonya sanesipun.
BAB
II
WOSING
PIREMBAGAN
A. Basa Jawi ingkang punah
Wonten ing jaman menika,
posisi basa Jawi menika sampun wiwit kaganti kaliyan basa-basa liyan, basa Jawa
menika sampun wiwit punah. Basa Jawi menika namung didadosaken mata pelajaran
ko-kurikuler ing sekolah ingkang mboten ndherek nemtokaken kalulusanipun siswa.
Pelajaran basa Jawi menika sae dipuncaosaken kaliyan murid, nanging kasaranipun
menawi mboten dipuncaosaken ugi mBoten dados menapa.
Kangge tiyang ingkang
mboten saking suku Jawi, utawi tiyang Jawi ingkang sampun dangu mapan wonten
ing luar pulau Jawi, sampun biyasa ngginakaken basa Indonesia kangge
basa padintenanipun, babagan menika mboten dados perkawis. Babagan menika amargi ing basa Indonesia menika mboten
gadhah unggah-ungguh ingkang mutlak. Basa Indonesia menika ugi mboten gadhah
kelas-kelas kangge mBentenaken yuswa lan kedudukan tiyang ingkang dipunajak
micanten. Benten kaliyan basa Jawa ingkang gadhah unggah-ungguh basa. Basa Jawa
menika gadhah tingkatan-tingkatan (ragam) ingkang saged mBentenaken
kaliyan sinten kita menika micanten.
Menawi
kita badhe micanten kaliyan tiyang ingkang luwih sepuh utawi tiyang ingkang
gadhah posisi ingkang luwih inggil kita kedah ngginakaken basa Jawi ragam krama.
Menawi badhe micanten kaliyan kanca utawi tiyang ingkang saumuran, kita saged
ngginakaken basa Jawi ragam ngoko. Basa Jawi ngoko menika ugi
wonten ragam ngoko alus kaliyan ragam ngoko kasar.
B. Nuwuhaken raos remen
kawula muda tumrapipun budaya leluhur piyambak
Nuswantara Indonesia sampun
kondang kawentar sajagat raya babagan kabudayanipun, langkung-langkung wonten
teng tlatah Jawi. Kabudayan Jawi hanggadhahi nilai luhur lan becik.
Tuladhanipun, sesrawungan priyantun Jawi mitungaken yuswa, lembah manah, lan
tatakrama. Semanten ugi, basa lan sastranipun. Basa Jawi sugih basa rinengga.
Werni-werni sanget ujud kasusastran Jawi ingkang mujudaken sugihing pinemu
tiang Jawi. Tembung cangkriman (kadosto “njanur gunung”) lan sanepa (tembung
“suwe mijet wohing ranti”) awis-awis tinemu ing kasusastran basa sanes. Aksara
Jawi mawon wonten tegesipun ingkang jero, kadosto 5 aksara ingkang kawitan
ingkang mucalaken tauhid. Kesenian jawi, upaminipun seni “Begalan” saking
Banyumas kathah mbobot falsafah, donga, lan kekarepan.
Bangsa
Indonesia ingkang ngadyantara kaliyan unggah-ungguhipun, masarakatipun ingkang
gemah ripah loh jinawi menika mboten uwall saking kabudayan lan basa Jawi.
Kathah sanget bebasan saking basa Jawi ingkang dipunserap ing basa Indonesia.
Nilai-nilai moral ingkang dipunandhut kaliyan basa Jawi piyambak saged
nuwuhaken kapribaden ingkang unggul. Sinten kemawon ingkang paham lan mangertos
pentingipun basa Jawi saged otomatis gadhah budi pakarti ingkang sae.
Kathah tiang saking manca
nagari ingkang sinau wayang, nari, nabuh gamelan, sastra Jawi lan
sanes-sanesipun. Ananging mboten kathah ingkang nyinaoni basa Jawi, amargi
sawentawis wekdal basa Jawi dereng dipunbetahaken. Ananging kedah dipunserat
bilih wolak-walikipun mangsa kawontenan menika saget kemawon brubah sawekdal-wekdal.
Rumiyen, basa Latin dados basa jagad. Lajeng, basa Perancis nggantosi. Basa
Inggris jaya sak sampunipun, ngantos dumugi sak menika.
Basa Jawi saged-saged
kemawon kondang kawentar kados basa Inggris. Temtu, menawi sampun mekaten tiang
Jawi badhe remen teng penggalih, amargi basanipun dipuntampi lan petangaken
dening kelompok menungsa sanesipun. Basa makili kabudayan. Tiang ingkang
basanipun mboten dipuntampi dening kelompok sanes rumaos kelompok sosial sarta
budayanipun ugi mboten dipuntampi (Kramsch, 1998 3). Kosok wangsulipun, basa
Jawi saget sirna saking ndonya menawi mboten dipunuri-uri dening kelompok
masyarakat Jawi piyambak. Kejawi saking menika, saget kemawon basa Jawi
kabedhol oyotipun saking tlatah Jawi menawi mboten dipunjagi kanthi turun tumurun.
Becikipun kita sedaya nyumurupi warisan leluhur arupi budaya Jawi menika
sakderengipun dipuntemu dening kelompok menungsa utawi bangsa sanes.
C. Piwulangan basa Jawi
ingkang ngeremenaken
Menawi nggatosaken
lampahipun pasinaonan utawi wulangan basa Jawi ing sekolah-sekolah ugi punapa
ingkang dipungayuh siswa, kadosipun taksih dereng kados punapa ingkang dados
pengajengipun kita sedaya. Pasinaonan basa Jawi taksih langkung kathah
adhedhasar basa seratan katimbang lisan. Kejawi saking menika lumampahing pasinaonan
taksih kapitang kuno lan kirang ngremenaken. Cara-cara sinau basa ingkang trep
kangge lare, kadosto dolanan lan nembang, dereng dados kabudayan. Tuladha
nyata, lare ingkang mboten mahir basa Jawi, menawi dipunparingi damelan supados
nembang macapat, tembang-tembang dolanan, lan campursari cepet apal, dados sae
pangucapanipun lan ugi lancar. Menika sedaya wau amargi raos remen, sinau
mboten patosa kraos.
Kejawi saking menika
lomba-lomba basa Jawi ingkang ngremenaken, kados nembang, deklamasi, lan pidato
mawi basa Jawi ingkang sampun dipunrintis kedah dipunsengkuyung lan ramekaken
minangka siar basa sarta budaya Jawi. Seratan-seratan (kados teng seratkhabar
“Suara Merdeka”) lan acara-acara (kados teng RRI) ingkang kasebar lumantar basa
Jawi kedah dipuntingkataken khususipun perkawis isi lan paket.
D. Sinau basa Jawi dipunwiwiti saking
keluarga
Wonten tiang sepah
ingkang ngangge dwibasa. Wonten ugi tiang sepah ingkang ngangge rupi-rupi basa.
Menawi ingkang remen ngangge basa Inggris sumonggo, amargi kasunyatanipun basa
Inggris menika dipunbetahaken kangge sesrawungan warga ndonya. Ingkang remen
ngangge basa Indonesia inggih sumonggo, amargi basa menika minangka
basa negara teng lebetipun nuswantara. Remen lan sinau pinten-pinten basa
menika sae-sae mawon. Ananging, sedaya wau wigatosipun migatosaken empan papan.
Wonten sak lebetipun keluarga ingkang tiang sepahipun saking Jawi, tiang sepah
kedah dados tuladha lan panutan dhumateng lare-larenipun kawit alit,
kejawi basa-basa sanesipun.
Klentu sanget menawi
wonten tiyang ingkang ngendika bilih ngangge basa Jawi niku ndeso, katrok
(ngangge istilahipun Thukul). Basa Jawi nasipun kados basa-basa sanes ingkang
ndelalah mboten dados basa ndonya. Melas sanget nasib tiyang ingkang makaten
menika, kedahipun dipuntatar. Tanggungjawab kita sedaya, utaminipun keluarga
supados nepangaken basa Jawi wiwit lare-lare taksih alit. Tiyang-tiyang kados
Ibu Utari Dewi, S.H (Suara Mereka, 2 Agustus 2008) lan Peni Winarningtias
saking Pemalang ingkang sampun nggatosaken lan ngraosaken sanget nilai-nilai
basa lan kabudayan Jawi kedah dipunacungi jempol.
E. Sesrawungan ngangge basa Jawi
Niki ngimutaken rikala
maos seratkabar ingkang nyebataken bilih tiang-tiang Pekalongan ingkang manggen
wonten negari Jerman mboten kesupen anggenipun ngangge basa Jawi wekdal
kepanggihan kaliyan tiang-tiang Jawi sanesipun. Dados wonten pundi-pundi
panggenan, menawi saget tiang Jawi ingkang sae mboten ngesupekaken basanipun
piyambak.
Sesrawung mios telewicara
ngangge basa Jawi antawis sesami priyantun Jawi utawi mboten priyantun Jawi
ananging mangertos basa Jawi wonten pundi kemawon papan panggenan kejawi
patemonan resmi kadosipun sae sanget, amargi cara menika ateges sami kalian
siar basa Jawi. Sak menika, basa Jawi sampun kados basa manca teng tlatah
kelairanipun piyambak. Ing pundi-pundi, milai saking dusun ngantos kutha
awis-awis sanget basa Jawi kapireng dipunengge dening warga.
Cuwilan ukara-ukara
ingkang dipunbeberaken teng wiwitan seratan menika saget dipundadosaken
minangka tengering awonipun basa Jawi kawula muda Jawi, amargi ukara-ukara
kasebat pangandikan saking satunggaling bakal jawara teng pilihan Putera Puteri
Solo 2008. Miturut warta seratkabar menika, pangandikan niku wau kaaturaken
kanthi ndredheg lan mboten lancar. Ingkang mboten jamak lumrahipun, inggih
menika basa Inggris kaaturaken kanthi langkung lancar. Solo utawi Surakarta
Hadiningrat minangka pathokanipun basa Jawi. Kejawi saking menika peserta
sampun dipunbekali basa Jawi. Menika minangka tenger bilih basa Jawi mboten
asring dipunengge. Lajeng, kados punapa basa Jawi priyantun saking njawinipun
Surakarta Hadiningrat lan Ngayogyakarta? Pramila, priyantun Jawi kedah tancut
taliwanda sinau lan ngangge basa Jawi sak asring-asringipun kersanipun mboten
angisin-isini amargi saget ngangge basa Jawi kanthi lancar lan hanggadhahi raos
pitados piyambak.
F. Bimbingan lan petedah ingkang sae dhumateng
sinten kemawon ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi
Sinau mbetahaken wekdal
ingkang cekap. Lan kados jamak lumrahipun pasinaon, sinau basa Jawi mboten
saget lepat saking klenta-klentu. Pramila, supados tiang ingkang saweg sinau
lan nyobi ngangge basa Jawi teras remen, kalepatan ngangge basa kedah
dipunmaklumi lan, selajengipun, dipunbetahaken bimbingan lan pitedah ingkang
sae, inggih menika ingkang mboten badhe ndadosaken ciut lan pejahipun greget
sinau basa Jawi. Bimbingan lan pitedah ingkang dipunsuguhaken saget nuwuhaken
kasampurnan.
Kalebet babagan niki,
wigatosipun kita nampi rupi-rupi tembung lan ukara (dialek) lan campur (code
mixing) lan pindah basa (code switching) supados mboten nyiutaken penggalih
para sederek ingkang taksih sinau. Sawentawis wekdal, tiang ingkang saweg sinau
lan ngangge kedah remen rumiyen “saget” ngangge basa Jawi teng sesrawungan
sinaosa dereng sampurna. Ingkang wigatos inggih menika anggenipun nggangge basa
Jawi ndamel sami-sami mangertos
BAB
III
PANUTUP
1. Dudutan lan Pamrayogi
Supados basa Jawi
langkung ngremboko warga masyarakat Jawi lan sedaya ingkang nggadhahi raos
handarbeni tumrapipun basa Jawi kedah tanggap ing sasmita sarta wonten
upaya-upaya ingkang temen lan nyata khususipun saking kawula mudha, tiangsepah,
guru basa Jawi, lan kantor pendidikan lan kabudayan. Sawentawis wekdal menika,
ingkang ndhesek inggih menika (1) nuwuhaken raos remen kawula muda tumrapipun
budaya leluhur piyambak; (2) piwulangan basa Jawi kedah dipunjejegaken; (3)
tiangsepah paring tuladha dhateng anggota keluarga; (4) sesrawungan ngangge
basa Jawi; lan (5) bimbingan lan petedah ingkang sae dhumateng sinten kemawon
ingkang taksih sinau ngangge basa Jawi. Namung kados makaten menika basa Jawi
bakal lepat saking ancaman sirna. Malah, saget minggah kewentaripun. Mugi Gusti
Ingkang Pinasih ngijabahi. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi
wonten lepat
3. Penutup
Basa lan budaya Jawi
tetep ngrembaka lan lestari, sauger masyarakat Jawi minangka ahli waris
lan pengguna bahasa, rumaos bombong, tresna lan remen ngginakaken
kanthi sae lan leres. Mugi Gusti tansah ngijabahi. Nuwun.
DAFTAR
PUSTAKA
Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS UNY.2007.Buku Kumpulan
Makalah Seminar Nasional Pembelajaran Bahasa dan
Sastra Daerah dalam Kerangka Budaya. Yogyakarta.
Sudaryanto. 1991. Kamus
Indonesia-Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana University Press.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar