MAKALAH BAHASA JAWA, SEJARAHIPUN WAYANG.
MAKALAH
BAHASA JAWA
“Sejarahipun Wayang”
Dening
idris suwitno
MAN BABAKAN TEGAL
TAHUN AJARAN 2012/2013
PURWAKA
Puji Syukur hamung konjuk wonten ing ngarsaning Gusti
ingkang asipat welas lan asih awit saking sih wilasa-Ipun kula saged
ngrampungaken makalah “SEJARAHIPUN WAYANG” menika. Makalah menika karipta
adhedhasar kepengin nglestantunaken kabudayan jawi imggih menika wayang.
Makalah menika migunani tumrap soksintena ingkang kepengin
mangertosi kaliyan kabudayan Jawi ingkang gegayutanipun kaliyan wayang. Makalah
menika ngandharaken pangertosan wayang sarta sejarahipun wayang menika. Wayang
ingkang sakmenika taksih dipunjagi lan dipunpriksani tumrap soksintena badhe
musna.
Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena
kemawon ingkang sampun kersa paring pitedah, palilah, saha panyengkuyung amrih
mawujudipun makalah menika.
Kula tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun
pranupiksa ingkang maos makalah menika, temah makalah menika saged nyembadani
pamundhutipun para maos. Nuwun!
Pangripta
BAB I
PAMBUKA
- Wigatosing
Rembag
Warisan budaya saking para leluhur punika
kathah ingkang saged dipun sinau dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi
saged paring pambiyantu para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken
kabudayan. satunggaling budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang . wayang
iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan
dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang
awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé
saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3
dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang
manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah,
uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné
iki ora pati akčh ditemoni.
B. Ingkang Wigatos
Dipunrembag
Lumantar makalah menika,
badhe dipunaturaken uneg-uneg ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados
pundi pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka lan
kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun masyarakat Jawi
piyambak. Babagan menika wigatos sanget dipunpenggalih khususipun dening warga
ingkang rumaos “asli” saking Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi
raos handarbeni dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi
kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga ndonya
sanesipun.
C. Kekajengan Ingkang
Dipunrembag
Wonten 3 perkawis
ingkang dopunaturaken wonten makalah menika:
1.menapa ingkang
dipuntegesi wayang?
2.kados pundi
sejarahipun wayang?
3.kados pundi
sebutanipun wayang menika?
BAB II
WAOSING PIREMBAGAN
- Pengertosan wayang
wayang menika pagelaran ingkang ngagem
boneka umumipun. wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan.
Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud
2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi,
utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng
ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang
kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking
suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah.
2.
Sejarahiun wayang
Miturut
para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing
Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono
biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu
Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening
bangsa Indonesia dewe. Dadi wayangkuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi,
budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing
isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang

Kacarios woten ing wiwitaning tahun masehi, bangsa Hindu
ingkang asalipun saking Jazirah India kathah ingkang sami datheng dados imigran
ing Indonesia. Lajeng kebudayaan Hindu-Budha menika pungkasanipun saged
dipuntrima dening masyarakat Jawi. Wonten ing jaman menika, basa Sansekerta
sampun dipunagem dening kalangan bangsawan ingkang salajengipun mempengaruhi
basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ing mriki kesenian wayangkaliyan bangsa Hindu
dipunagem dados wadah ngembangaken tuwin wedharaken budaya agami Hindu wonten
ing carios Mahabharata utawi Ramayana. Kahanan kados mekaten menika lajeng
ndadosaken campur tuwin manunggalaken budaya asli Indonesia kaliyan Hindu.
Kesenian wayangndadosaken agami Hindu cepet nyebar, ngresep tuwin dipuntampi
dening masyarakat
Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.

Ing sakjroning
jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse
banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo
bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat
crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing
sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo
budaya Hindu. Kesenian wayangsing budayane wis campur manunggal iki mau sing
sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing
masyarakat Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayangiku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.

Ing jaman sakwise, yaiku
jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening
Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse
dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau
banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah.
Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane
dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga
didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenianwayangkuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mang kene terus diwenehi jenen gwayang Beber. Wiwit ono panemune wayangbeber iki kesenian wayangbanjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.
Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayangkuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayangakeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa

3.
Sebutan wayang
Yen dijupuk seka
ukarane, wayangkuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan
nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh. wayangdadi ora
mligi boneka kang ana wewayangane. wayang golek kang digawe seka kayu ora
ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar
dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. wayang
iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana
BAB III
PANUTUP
Crita kang dilakonake dijupuk saka
epos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar
lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. wayang kang ngene iki diarani wayangMenak.
Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayangditanjepke ing
debog ing sisih tengen lan kiwane dhalang. Ing tengah, critane digelar. Sedina
sewengi lakon diwedhar.
wayang iki ora mung sumebar ing Jawa
wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis
diakoni dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang edi peni
ing babagan crita dongeng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of
Oral and Intangible Heritage of Humanity).
wayang iku pagelaran nganggo boneka
kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi
iringan gamelan. Boneka kasebut bisa
kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi,
kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang
wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain
kang maneka warna adhedhasar karakterwayangkasebut. Nanging ing sawatara
tlatah, uga ana kang gawe wayangsaka suket, lan kerdhus, ananging wayangjinis
ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: wayang Golek
wayang Thengkul Bojonegoro, wayang Krucil,wayang Purwa,wayang Beber, wayang Uwong,wayang
Gedog,wayang Sasak, wayang Calonarang,
ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=782&Itemid=739
- 24k
Tidak ada komentar:
Posting Komentar